KAJAWI

WAROK PONOROGO

by KAJAWI

0 Views Sep 02, 2026

Lyrics

Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Andhap asor tepo seliro
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno

Lungguh anteng klambi sarwo ireng
Mesti nganggo udeng, ketingal kereng
Mripat mendeleng ojo sampek digunem
Mergo yen nesu, iso koyo macan nggereng

Warok iku memayu hayuning bawono
Tetep merdiko, kawit rikolo semono
Tansah manembah, marang Sing Kuoso
Ngabekti jiwo rogo tumrap nuso lan bongso

*

Ajarane luhur becik budi pakertine
Ngolah rogo ugo ngolah moto batine
Kuat imane ugo toto patrape
Dadio manungso sing jejeg ono gunane

Poro murid digembleng ilmu kasekten
Supoyo uripe tansah dahat kinabekten
Laku durjono kudu biso leren
Ihtiar mesti nanging kudu tetep senden

Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo

Andhap asor tepo seliro
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno

INTRO

Warok Ponorogo iku prasojo
Kawit Gunoseco tekan Suro Menggolo
Ojo podho sembrono, yen simbah paring sabdo
Kuwi podho gatekno, ojo dilalekno

Simbah warok iku guru sejati
Menehi kaweruh kanggo lakuning ati
Ilmune pesti ojo diblenjani
Iki putumu, ayo ngaji lan nyawiji

Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Andhap asor tepo seliro
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno

Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Andhap asor tepo seliro
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno