KAJAWI

Bujang Ganong

by KAJAWI

0 Views Sep 10, 2026

Lyrics

[Chorus]
Ganongane metu kae, penontone ngguyu dewe
Lucu-lucu jejogede, dadi regeng hiburane
Penthul bujang ganong, penontone ndomblong
Slompret ojo bolong, tambah gong, kendang, lan kenong

[Verse 1]
Iki pancen ono, jroning reyog Ponorogo
Ganong dadi parogo, metu tengah adicoro
Lucu ning digdoyo, patihe Prabu Kelono
Ojo dilalekno, timbang getun dadi gelo
Topeng warno abang lincah naliko jogedan
Polah pethakilan, ditabuh nganggo gamelan
Panggung opo ratan, ra masalah penting goyang
Kadang gegojegan, ndelok ngguyu cekakakan

[Chorus]
Ganongane metu kae, penontone ngguyu dewe
Lucu-lucu jejogede, dadi regeng hiburane

Penthul bujang ganong, penontone ndomblong
Slompret ojo bolong, tambah gong, kendang, lan kenong

[Verse 2]
Ganongan dadi tondo, ora ono sing liyo
Pancen ora ono, anane neng Ponorogo
Ojo padho bingung iki seni adiluhung
Yen ora ketulung, langit bakal kebak mendung
Poro kawulo mudo, ojo podho sembrono
Seni iki nyoto mulo podo lestarikno
Durung bacut ilang, kudu iso gawe padhang
Mumpung isih lodhang, ayo podho tumandang