Suwara

by Safira Inema

0 Views Sep 10, 2026

Lyrics

Tetes jawah wanci sore
Nggugah ati rasane
Kepungkur kang kuwur,ati tan ono panglipur
Kapangku tan keno den ukur

Anget rikala kuwi
Sumandhing aku mbok kancani
Gegladen kesenian
Tuwuhing rasa katresnan
Kaya peksi cumbana ing wit”an

Nglayang suwara donga nembus angkasa
Tak gadhang dadi nyata lelumban asmara

Ndahneo bungahe yen koe ana ing kene
Ngancani aku seng sepi dewe
Nyanggit crito lakon tresna andum rasa
Koyo tan bisa dipisahke manungsa

Janur kuning angenku bisa sembada
Nganti garing tangeh luntur rasa tresna

Reog ponorogo dadi seksi lakon tresna