Album Cover CRITO MUSTAHIL

CRITO MUSTAHIL

Sasya Arkhisna

5

Aku wis tau

Ngrasakne jerune kedanan

Ngrasakne bundase kelaran

Ngrasakne nangisi ning ra ketaran

Houaawww

Aku ngiyani

Omongmu seng kesel jalani

Misal memang keputusanmu

Tak lilak-lilakne kelangan awakmu

Mung pengen ngandani

Sadar aku du seleramu saiki

Mung pengen negesi

Ati-ati yen kangen kabari

Ra maksane, niat gandeng mu ro aku

Cerito iki, cerito mustahil nggo aku

Karep ati mastekne kabeh senengmu

Ning sanding mu ra bakal ngilang

Kembang ngimpi saben wengi

Ra nyongko luput tak nduweni

Mugo lungo ku, nglegakne atimu

Mugo lungo ku, nglegakne atimu