Album Cover Balen

Balen

Manthous

5

Jan-jane dik aku wis eling

Wis rong taun lawase ora ketemu

Eling-eling dik jamane semonoRuntang-runtung anane ra ono liyo

Jan-jane mas aku wis lali

Gelang alit bebasan kanggo neng driji

Ora gampang tambane cuwaning ati

Ora semoyo mas, aku ra janji

Horotoyo, nganggo teklek kecemplung kalen

Timbang golek dik, sing apik luwung balen

Sabar mas, mbok sabar ora kesusu

Yen kesusu, tundhone wis mesti kleru

Estu dik, wis dadi antebing kalbu

Tak belani jiwo rogo tulusing ati

Sabar, bola-bali wis tak aturi

Yen kuciwo njur getun tibane mburi

Jan-jane dik aku wis nunggu

Wis rong taun lawase ora ketemu

Eling-eling dik jamane semono

Runtang-runtung anane ra ono liyo

Jan-jane mas aku wis lali

Gelang alit bebasan kanggo neng driji

Ora gampang tambane cuwaning ati

Ora semoyo mas, aku ra janji

Horotoyo, nganggo teklek kecemplung kalen

Timbang golek dik, sing apik luwung balen

Sabar mas, mbok sabar ora kesusu

Yen kesusu, tundhone wis mesti kleru

Saestu, wis dadi antebing kalbu

Tak belani jiwo rogo tulusing ati

Sabar, bola-bali wis tak aturi

Yen kuciwo njur getun tibane mburi